GUGON
TUHON LARE RAMBUT GIMBAL WONOSOBO
Wonosobo kutha alit ingkang wonten ing tengahing Propinsi Jawa Tengah.
Kutha ingkang kawentar lumantar piala adipuranipun. Sinaosa alit, Wonosobo
menika kathah wisata-wisata alam ingkang endah saha nengsemaken manah menawi
dipunraosaken. Wisata-wisata alam menika kadosta Kebun Teh, Curug Winong, Tlaga
Menjer, lan Wisata Dataran Tinggi Dieng. Wisata kebun teh ing Wonosobo wonten
tigang lokasi inggih menika wonten ing Desa Sapuran, kecamatan Sapuran, kebun
teh Desa Kabelukan, kecamatan Kertek, lan kebun teh Desa Tambi, kecamatan
Kejajar. Menawi Curug Winong menika wonten ing Desa Kaliwira, dene Tlaga Menjer
wonten ing Desa Maron, Kecamatan Garung. Beda malih Wisata Dataran Tinggi
Dieng, wisata menika sejatosipun saperangan mlebet tlatah Banjarnegara,
saperangan taksih mlebet Wonosobo. Akses mobilisasinipun
saking Wonosobo langkung gampil, lajeng Wisata Dataran Tinggi Dieng menika
kawentaripun wonten ing tlatah Wonosobo.
Wisata Dataran Tinggi
Dieng menika kathah ingkang mastani Dataran para dewa utawi tanah khayangan.
Nama menika mencuat amargi Dieng
menika kalebet dataran tinggi saha kathah candi-candi ingkang dumadeg wonten
ing tlatah Dieng. Candi-candi wonten ing Dieng menika namanipun lelakon wayang,
kadosta Candi Arjuna, Bima, Dwarawati, Gatutkaca, lan sanesipun. Pramila boten
kaget menawi Dieng menika dipunwastani tanah
khayangan para dewa. Tiyang-tiyang ingkang mapan wonten ing tlatah
Wonosobo, mliginipun wonten ing sakiwa tengenipun kompleks candi-candi menika pitados bilih rumiyin lelakon wayang
menika panci wonten saha mapanipun wonten ing tlatah Dieng. Masyarakat
Wonosobo, mliginipun ing tlatah Dieng nguri-uri sanget candi hindu menika,
amargi candi menika warisan nenek moyang saha asringipun candi menika dipundamel
papan kangge nindakaken ritual-ritual masyarakat sakiwa-tengenipun.
Ngrembag soal ritual,
wonten ing Wonosobo mliginipun tlatah Dieng wonten ritual ingkang radi unik
inggih menika ritual potong rambut gimbal. Potong rambut gimbal menika
katindakaken amargi wonten lare ingkang rambutipun gimbal. Lare ingkang
rambutipun gimbal menika kedah dipunruwat, amargi lare ingkang gimbal beda
kaliyan lare ingkang sanesipun. Bedanipun inggih menika lare ingkang gimbal
langkung asring piyambakan ketimbang sesrawungan kaliyan lare sanes. Tumindak
ingkang kados menika dipunpitadosi dening masyarakat bilih lare menika menawi
taksih piyambakan ateges lare taksih srawung kaliyan kanca gaibipun inggih
menika ingkang njalari rambut menika gimbal. Masyarakat Wonosobo mliginipun
tlatah Dieng pitados sanget, bilih lare ingkang rambutipun gimbal menika wonten
ingkang ngemong utawi wonten makhluk ginaibipun ingkang njagi. Makhluk ginaib
menika saged ical lan saged sumingkir saking dhirinipun lare menika bilih
rambut gimbalipun lare dipunpotong.

Menawi slenco, beda
kaliyan kekajengan lare lan dados mrengkeling manah lare, menika bebaya sanget
kangge lare menika piyambak. Lare menika sinaoso sampun dipunpotong rambut
gimbalipun, mangke rambut gimbalipun thukul malih. Langkung parah, lare menika
lajeng sakit panas sedinten-dinten boten adhem-adhem. Masyarakat ing sakiwa
tengenipun pitados bilih kedadosan kados menika amargi ingkang nuhoni lare
boten remen lan dereng trep kaliyan kekajenganipun. Sejatosipun kala wau,
ingkang nyuwun kekajengan kados menika sanes lare piyambak, ananging ingkang nuhoni
lare, ingkang ginaib. Pramila rambut gimbalipun lare badhe dipunpotong kapan
kemawon, ngangge menapa kemawon, kalayan sinten kemawon, badhe tetep thukul
gimbal menawi dereng trep utawi dereng wonten kekajengan menika. Lajeng lare
badhe penyakiten utawi lara-laranen. Rambut gimbal menika dipunpitadosi kaliyan
masyarakat Dieng bilih rumiyin minangka titipanipun Kyai Kaladite dhateng anak
putunipun. Kyai Kaladite menika sesepuhipun utawi ingkang mbubak tlatah Dieng (nenek moyang). Panjenenganipun gadhah janji bilih boten badhe motong rikmanipun
saha boten badhe siram menawi masyarakat tlatah Dieng dereng sami makmur.
Lajeng Kyai Kaladite ngendika bilih menika badhe temurun wonten ing anak putu.
Awit saking menika masyarakat Dieng pitados menawi rambut gimbal menika tandha
kemakmuran kangge desanipun.
Lare rambut gimbal
menika dipungulawenthah, dipunruwat boten kados lare sanesipun. Lare rambut
gimbal menika saged dipunsebut lare ingkang istimewa, amargi kedah dipunruawat
khusus. Pangruwatan ingkang istimewa
menika katingal sanget nalika lare rambut gimbal menika badhe dipunpotong
gimbalipun. Wujudipun pangruwatan lare rambut gimbal nalika gimbalipun badhe
dipunpotong inggih menika kanthi dipunsamektakaken sesaji utawi kekajengan
ingkang menapa kala rumiyin lare kajengaken. Lajeng ritual-ritual sanesipun
ingkang nyengkuyung prosesi pemotongan rambut gimbal menika. Prosesi pemotongan
rambut gimbal menika boten dipuntindakaken dening sembarang tiyang ananging
kedah sesepuh utawi tiyang ingkang mangertos lan sampun paham dhateng tata
pangruwating lare rambut gimbal. Saderengipun gimbalipun lare dipunpotong
wonten mapinten-pinten prosesei utawi ritual ingkang kedah dipuntindakaken
dening lare. Ritual-ritual menika kadosta ingkang sepisanan ritual donga,
nyuwun donga menika katindakaken wonten ing kompleks Candi Arjuna, Candi
Dwarawati, Candi Bima, Gatutkaca, Sendang Maerokaca, kawah Sikidang lan
Kompleks Pertapan Mandalasari. Ancasing saking dedonga inggih menika supados
mangke adicara pemotongan rambut gimbal saged lancar, kalis nir ing sambikala.
Lajeng ritual ingkang kaping kalih inggih menika jamasan pusaka ingakng badhe
dipunasta wonten ing kirab pemotongan lare gimbal menika. Jamasan Pusaka menika
katindakaken ing wayah ndalu. Enjingipun lare ingkang badhe dipuncukur utawi
dipunpotong gimbalipun menika kirab tumuju wonten ing papan pencukuran. Kirab
menika dipuntindakaken saking dalemipun sesepuh utawi pamengku adat lajeng mandheg wonten ing Sendang Maerokoco utawi
Sendang Sedayu. Lare rambut gimbal ingkang kirab menika dipunkawal dening
sesepuh, tiyang sepuhipun, saha para paguyuban seni tradisional. Salajengipun
lare menika dumugi Sendang maerokoco
utawi Sendang Sedayu, lare menika dipunsucekaken inggih menika dipunsirami
rumiyin. Lare mlebet wonten ing sendang menika dipunpayungi ngangge payung
robyong lan ing sakiwa tengenipun sendang dipuntutup ngangge kain ingkang
panjang.
Sabibaripun lare menika
sampun siram lan sampun suci, lajeng lare menika tumuju wonten ing papan
pencukuran. Wonten ing papan pencukuran menika sampun wonten sesaji inggih
menika kadosta kepala ayam, menda etawa, ketan, kentang, jajan pasar, marmut,
lan sanesipun saking asiling bumi ing tlatah Dieng. Saderengipun lare menika
nindakaken pencukuran utawi pemotongan rambut gimbal, lare menika mriksani
kesenian tradisional rumiyin. Menawi sampun titi wancinipun lare menika badhe
dipunpotong gimbalipun, lare menika dipunlenggahaken wonten ing jadah utawu
ketan ingkang dipundamel jadah. Lajeng rambut gimbalipun lare dipuncukur utawi
potong. Pemotongan rambut gimbal menika dipuntindakaken wonten ing ngajeng
kompleks Candi Arjuna dipuntindakaken dening sesepuh utawi pemangku adat.
Salajengipun rambut gimbalipun lare dipunpotong lare menika dipunparingi sesaji
menapa ingkang sampun dipunkajengaken kala rumiyin. Ritual ingkang pungkasan
inggih menika ritual pelarungan. Rikma ingkang gimbal kala wau ingkang sampun
dipunpotong dipunlarung wonten ing tlaga warna. Talaga warna menika mangke
tumuju wonten ing lepen Serayu lajeng lepen serayu tumuju ing Laut Selatan.
Dados rikma gimbal menika panci dipunlarung supados keli. Ritual menika gadhah
ancas saha masyarakat menika pitados bilih pelarungan rikma gimbal ingkang
sampun dipunpotong kangge simbol. Simbol bilih sedaya balak utawi ingkang
nuhoni lare wau saged keli lan ical kanthi dipunlarung. Menawi ingkang nuhoni
lare ical, rejeki menika lancar. Kados menika gugon tuhon masyarakat Dieng,
Wonosobo ngengingi lare rambut gimbal. Pitados menapa boten sumangga kersa
panjenengan sedaya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Sumangga ingkang badhe paring panyaruwe :)