Ora
Nyana
Nalika aku arep daftar pawiyatan luhur, aku pontang-panting dhewe golek
persyaratan. Saka golek surat katrangan saka pak lurah, nganti tekan daftar
online lan sapanunggalane. Wektu aku nyuwun surat katrangan saka pak lurah, aku
nyepedha onthel menyang daleme pak lurah. Sore-sore nyepedha onthel kudune
ngrasa seger, nanging amarga sepedha onthele kedhuwuren, aku malah ngrasa ora
penak. Tekan tengah dalan aku mandheg, bingung daleme pak lurah sing endi, mula
aku takon marang wong sing ana ing pinggir dalan. Sawise kuwi aku kepanggih pak
lurah, surat katrangan digawe lan langsung dadi. Aku pamit lan langsung mulih.
Ana ing tengah dalan, dumadakan banyu saka langit netes. Aku cepet-cepet
anggone nyepedha. Ndilalahe dalane nanjak, yo wis pancen nasib batinku. Akhire
aku nuntun sepedha onthel kuwi karo grimisan. Tekan omah, klambiku teles kebes,
nanging untung wae surat katrangan isih bisa diwaca.
Sabanjure kuwi aku
ndaftar pawiyatan luhur lewat internet alias online. Wektu kuwi isih
rame-ramene padha daftaran online. Padha rebutan warnet, ndilalahe warnete lemot banget. Aku lan kancaku nganti
pindhah ing pirang-pirang warnet. Malah dumadakan ana kabar yen pendhaftarane
wis tutup. Aku lan kancaku wedi banget, mosok yo perjuangane wingi sia-sia. Aku
lan kancaku tetep njajal ndaftar, adile Gusti Allah, aku lan kancaku kuwi isih
bisa daftar. Rasa lega durung plong, isih ana pengumuman. Wektu pengumuman, aku
wis pasrah, ketampa ya alhamdulilah, ora ya wis aku nyambut gawe. Ndilalahe
Gusti Allah kuwi mangerteni endi sing berjuang tenanan endi sing ora. Ora nyana
alhamdulilah aku ketampa ana ing pawiyatan luhur, lega rasane, cumeplong atine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Sumangga ingkang badhe paring panyaruwe :)