Jodho
Kuwi Sapa sing Ngerti
Angin sumilir amiyak sepining wengi,
driji-driji cilik isih usek dolanan tuts
hape, ambales lan ngirim sms kanggo
wong sing ana ing sebrang kana. “Klunthing”
layar hape dumadakan padhang, katon tulisan 1
pesan diterima. Langsung wae tangan cilik kuwi nyaut hapene, mbukak lan
maca sms mau. “Aku oleh ra, dolan
neng omahmu?” kandhane wong ing sebrang kana. “Oleh wae, mrene yen kowe wani”,
wangsulane kenya cilik kuwi kanthi ancas nggertak.
“Yo, omahmu sebelah endi?”. Kenya cilik mau batin ora mungkin dheweke tekan
kene, banjur menehi ngerti neng ngendi dheweke manggon. “oke, aku saiki menyang omahmu”. “Welah...iki wis wengi, ra usah
mrene wae”, balesane sms kenya cilik kuwi kanthi ati kang sumelang.
Dumadakan hapene
kenya cilik kuwi muni, tilpun,
batine. Nalika tilpun diangkat, keprungu swara kang cetha banget saka wong mau
sing smsan karo dheweke. “Aku wis
tekan ngarep omahmu, kowe metua mrene”, kandhane wong sing tilpun. Kenya cilik
saiki bener-bener wedi, ing batin melu nyuwara, nekat tenan wong iki. Kenya cilik kuwi banjur nginjen lewat
jendela, napase dawa lega, weruh ora ana wong neng ngarep omah. Kriiiiiiing...... hape muni maneh,
“cepet metu aku saiki neng ngarep omah no.90”. “Tenane?” wangsulane kenya cilik
kanthi ati sing isih wedi. Kenya cilik mau banjur metu omah. “Elah-dalah” batine kenya cilik mau
kaget tenan, wong sing mau smsan
saiki wis ana ing ngarepe, nggawa kanca-kancane. Kenya cilik mau bingung sing
endi wonge. Dumadakan wong lanang kang dedege gedhe dhuwur maju, lan ngajak
salaman, “Bocah Angres” kandhane wong lanang kang dedege dhuwur kuwi, nyebutake
jenenge. “Listy” kenya cilik mangsuli, kanthi nyebut jenenge dhewe.
Sabanjure kuwi,
Listy akon Bocah Angres lan rombongane mlebu omah, nanging Bocah angres lan kanca-kancane
ora gelem mlebu. Malahane, aku yo mung
basa-basi thok kog, batine Listy.
Bocah Angres lan kanca-kancane akhire pamit bali. Wong loro kuwi isih tetep smsan lan tilpunan nganti tengah wengi,
nganti ora krasa Listy keturon amarga ora biasane melek tekan wengi. “Lis,
tangi sekolah”, kandhane Ibune Listy nggugah karo nyeret slimute Listy.
“Howaaaaams...inggih bu, niki Lis tangi”, wangsulane Listy alus lan sopan.
Listy banjur siap-siap mangkat sekolah, “Bu, Listy pamit mangkat sekolah nggih,
Assalamualaikum”, kandhane Listy karo ngambung tangane Ibune. Wektu kuwi Listy
isih nindakake Ujian Nasional tingkat SMK, mula ora kaget yen dheweke pancen
kudu gasik anggone mangkat sekolah.
Tekan sekolahan,
Listy crita kedadeyan mau bengi rikala dheweke ketemuan karo wong lanang sing
ngaku jenenge Bocah Angres. “Piye wonge? bagus ora?” takone Idha kanca sekelase
kuwi. “Aku ra ngematake banget, wengi, dadine ora cetha” Listy mangsuli karo
ngemut-emut kedadeyan mau bengi. “Wah, kowe ki piye to, ketemuan kog durung
paham wonge kaya ngapa, sms-sms
njaluk ketemuan maneh wae” akone Idha. Listy sing wektu kuwi isih polos lan
lugu, nurut wae apa sing dikarepake kancane kuwi. Akhire Listy sms Bocah Angres, lan Bocah Angres kuwi
gelem ketemuan maneh, kandhane yo uga padha wae durung cethane. “Dha, iki wonge
gelem diajak ketemuan maneh”, Listy kandha karo Idha. “Diajak ketemuan neng
alun-alun wae, mengko aku melu nemoni wes, tak batiri”, wangsulane Idha mantep.
“Wonge ora gelem Dha nek neng alun-alun, geleme malah neng warnet Queen ndhuwur
kana, piye?” Listy njaluk panyarujukan. “Ya wis ra papa, nanging aku ora bisa
ngancani, ngati-ati ya”, wangsulane Idha.
Bel
sekolah
akhire muni, Listy lan kanca-kancane bali. Ananging Listy ora langsung bali
menyang omah, dheweke lunga menyang warnet Queen arep ketemuan. “Aku wis tekan
ngarep warnet, mrene metua”, Listy akon Bocah Angres methuk. Tenan, sing ngaku
jenenge Bocah Angres kuwi metu nemoni Listy neng njaba warnet. Listy saiki bisa
cetha banget weruh dheweke, wong lanang kang dedege gedhe dhuwur, pakulitan
sawo mateng, senenge nganggo topi, katon manis yen mesem. Wong loro kuwi banjur
ngobrol-ngobrol, Listy kenya mungil
sing isih polos katon banget yen isih isin-isin. Akhire wong loro kuwi
ninggalake warnet, “arep menyang ngendi iki? alun-alun wae yo”, kandhane Listy.
“Ora ah, ngapa neng alun-alun, yo melu aku wae”, wangsulane Bocah Angres.
“Nengdi?” Listy dadi penasaran. Bocah Angres kuwi dumadakan nyetop bis, dheweke munggah, Listy uga
nututi munggah.
-------------------
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Sumangga ingkang badhe paring panyaruwe :)