Sajroning
Rasa
Ing rasa iki rasane nggugahke ati
Tumrap manah ingsun klawan sira
Sing ngudang-ngudang asmara
Tresna welas lan asih
Dak golekna sambunging nala
Lingsire
wengi sing tanpa sasangka
Petenge
pedhut ngalangi ing jaladara
Rasane
sumrebed ing sajroning jiwa
Pentering
srengenge isuk
Ndhudhah
ati ing rasa pati
Tresnaku mung sawiji
Tan mrelokake manah
liyan
Kang sumeneb ana ing sajroning nala
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Sumangga ingkang badhe paring panyaruwe :)