Rabu, 18 Desember 2013

wacana prosedural

JERUK NIPIS AKEH KHASIATE

       Jeruk nipis wis dikenal wiwit biyen yen akeh paedahe. Taneman kang duwe nama liya jeruk pecel (ing tlatah jawa) lan duwe nama latin Citrus aurantifolia iki duwe rasa kang rada pait, kecut lan rada anyes. Jeruk nipis sing dikenal dadi salah sijining bumbu pawon kuwi biasa digunakake kanggo penyedap masakan, wedang, lan kanggo piranti ngresiki karat ing logam, piranti nggawe asam sitrat, sarta piranti kanggo campuran jamu. Menawa wong jawa wis biasa migunakake jeruk nipis kuwi kanggo piranti nambani watuk. Miturut panaliten pancen jeruk nipis bisa kanggo nambani watuk, amarga bisa ngilangi riyak (mukolitik), bisa uga mbiyantu nglancarake proses pencernaan. Jeruk nipis utawa jeruk pecel ngemot zat sing jenenge linalool, limonene, lan flavonoid kaya dene poncirin, hesperidine, rhoifolin, lan  naringin. Menawa ing jeruk nipis sing wis mateng ngemot zat synephrine, N-methyltyramine, asam sitrat, kalsium, fosfor, besi, lan vitamin A, B1, sarta C.  Asam Sitrat . Jeruk nipis utawa jeruk pecel ternyata bisa kanggo tamba ambeien, amandel, anyang-anyangen saha watuk, kaya mangkene prosedure:
1.       Ambeien
10 gr akar wit jeruk nipis dikumbah resik, terus digodhog nganggo banyu 1 liter sawetara 1/2 jam, disaring. diinum anget sedina ping telu.
2.       Amandel
Kulit 3 jeruk nipis dikumbah resik, diiris-iris, terus digodhog nganggo banyu rong gelas, nganti banyune turah 3/4, saring. Banyu kuwi dinggo kemu. Tindakna sedina ping 3-4.
3.       Anyang-anyangan
Loro jeruk nipis dikumbah resik, diperes banjur diwenehi gula batu secukupe lan 1 gelas banyu panas. Diudheg anget-anget, diombe langsung sedina sepisan.
4.       Watuk
Siji jeruk nipis dikumbah resik, diperes, dicampur karo 1 sendok makan madu lan uyah setitik, campur nganti rata banjur disaring. Diombe sedina ping 2-3. Utawa peresan jeruk nipis ditambah gula batu banjur diudheg nganti rata, diombe sedina sepisan nganti mari.

3 komentar:

  1. panyaruweki opo mb??hehehe

    BalasHapus
    Balasan
    1. panyaruwe kuwi tegese kritik utawi saran mas,,,, :)

      Hapus
  2. cepluk jebul jeruk kathah khasiate, manpangat kangge kasarasan badan. malah saweg ngertos

    BalasHapus

Sumangga ingkang badhe paring panyaruwe :)