Gethuk
Lindri Dados Kunci
Ibu Titi (47) ingkang manggen
wonten ing Desa Sidodadi, kecamatan Kertek, Kabupaten Wonosobo menika salah
satunggal wirausaha
gethuk lindri. Panjenenganipun sampun miwiti usahanipun
wiwit 7 taun kapengker. Ibu Titi ingkang kula sowani wonten ing dalemipun, nalika
tabuh 15.20, tanggal 15 Desember 2013 menika nyariyosaken pengalamanipun
sajroning nglampahaken usaha gethuk lindri. Wiwiwtanipun Ibu Titi namung damel
gethuk lindri kangge camilan kulawarganipun. Nalika wonten tangga teparo
ingkang dolan, tangganipun menika lajeng nyicipi gethul lindri menika.
Tangganipun paring panyaruwe supados gethuk lindri kasebut dipunsade, amargi
rasanipun ingkang eco saha taksih sekedhik dipunpanggihaken wonten ing pasaran.
Ibu Titi milai kepincut, ngangge modal awal 100ewu rupiyah, Ibu Titi milai bereksperimen. Sepisan Ibu Titi
nitipaken gethuk lindri wonten ing warung-warung. Sasampunipun
dipunetang-etang, asilipun dipunraos lumayan. Untungipun saged nyandhak 100%
saking modal. Lajeng Ibu Titi menggalih bilih panjenenganipun saged nyade
piyambak. Kinten-kinten kalih taun, Ibu Titi nyadi gethuk lindri menika
piyambak kanthi cara keliling desa. Untungipun saged langkung inggil inggih
menika 200% saking modal awal. Dumadakan wonten tangganipun Ibu Titi ingkang
mbetahaken pakaryan. Lajeng tangganipun Ibu Titi nyuwun dipundamelaken gethuk
lindri, Ibu Titi nyanggupi, dados Ibu Titi gadhah 1 karyawan. Taun kanthi taun
karyawan Ibu Titi langkung kathah. Waunipun namung satunggal samenika sampun 25
karyawan. Penghasilanipun Ibu Titi sampun kathah, ngendikanipun lumayan sampun
saged kangge maneka warni kabetahan. Saking singkong ingkang biasanipun namung
dipunsepelekaken, ternyata samenika wonten ing astanipun Ibu Titi saged dados
panganan ingkang eco saha boten mboseni.
Gethuk lindri panganan Jawa ingkang sampun turun temurun. wonten ingkang sukses merga gethuk,,,, saged dipuntuladhani
BalasHapus