Rabu, 16 Oktober 2013

Wisata Alam Buatan Embung Kledung (future)

Embung Kledung Wisata Alam Buatan ingkang Narik Kawigatosan

       Embung Kledung ingkang mapan wonten ing Desa Kledung, perbatasan Kabupaten Temanggung-Wonosobo menika salah satunggaling wisata alam buatan. Embung Kledung menika sejatosipun sampun mlebet ing Kabupaten Temanggung, ananging  akses mlebetipun langkung gampil lan langkung caket saking Kabupaten Wonosobo. Sinaosa Embung Kledung menika wisata buatan, ananging wisatawan sami kepincut awit pemandhanganipun. Pemandhngan Embung Kledung panci endah sanget. Wonten ing sakiwa-tengenipun kathah tetuwuhan ingkang ndadosaken Embung menika sejuk. Tetuwuhan menika kadosta pinus, cemara, tetuwuhan maneka warni sekar, lan tetuwuhan ladhang pendhudhuk ing riku. Kajawi saking menika Embung ugi dipunapit kaliyan kalih gunung inggih menika Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing. Pemandhangan kados menika ingkang nengsemaken manah. Menawi pengunjung menika madhep kilen, noleh nengen Gunung Sindoro, noleh kiwa Gunung Sumbing. Gunung Sindoro ingkang taksih ijo royo-royo awit taksih kathah tetuwuhan. Gunung Sumbing sampun kathah griya pendhudhuk, ananging taksih katingal endah.
Foto ing sisih tengen menika pemandhangan Gunung Sumbing ingkang katingal jelas saking Embung. Margi ingkang katingal wonten ing foto inggih menika margi kangge akses keluar-masuk pengunjung. Marginipun taksih rolakan, dereng alus aspalan. Dene ingkang katingal warni coklat menika memean mbako (jemuran tembakau). Sanesipun ingkang ijo royo-royo, menika taneman pendhudhuk. Pemandhangan ingkang asri lan saged ndadosaken tintriming manah. Menawi foto ingkang wonten ing nginggil piyambak menika foto pemandhangan embung ingkang ngadhep Gunung Sindoro. Toya ingkang katingal kipyah-kipyah menika embungipun. Gunung Sindoro kaliyan tetuwuhanipun katingal endah. Foto-foto kala wau nggambaraken pemandhangan ing Embung Kledung ingkang sejatosipun. Awit foto-foto kala wau dipunpundhut langsung kaliyan panyerat menapa wontenipun.
Hawa ingkang asrep nambahi swasana ing Embung Kledung menika sansaya tintrim. Angin ingkang sumilir, ngobahaken pucuk-pucuk pinus kepireng ayem. Menawi swasana ing Embung menika asrep sanget lan grimis, Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing radi boten katingal amargi kenging pedhut. Sinaosa kados menika pemandhanganipun taksik katingal endah. Swasana-swasana menika ingkang ndadosaken Embung rame dipunkujungi wisatawan. Boten namung wisatawan saking Kabupaten Wonosobo lan Kabupaten Temanggung kemawon ananging wisatawan saking Kabupaten sanesipun ugi wonten. Diah (20) pengunjung saking Kabupaten Banyumas  kalo menurut aku embungnya dan buat lingkungan sekitarnya udah bagus, Cuma kurang kesadaran diri dari pengunjung yang masih mencorat-coret sama buang sampah sembarangan”. Tuturan saking Mbak Diah menika wonten ingkang kedah dipungaris bawahi inggih menika tembung mencorat-coret lan buang sampah sembarangan. Panci kenyataanipun taksih wonten ingkang remen nyorat-nyoret lan mbucal sampah sembarangan, menika dados introspeksi kangge dhiri kita, menawi lingkungan menika kedahipun dipunjagi lan boten dipunrisak.
Wonten malih salah satunggaling pengunjung inggih menika Cholis (23) pengunjung saking Kabupaten Wonosobo  kula kerep mbak, teng mriki, soale pemandangane apik, nek ngge menenangkan diri cocok, damai, suasanane nggih nengsemaken ati”. Menika penuturan saking pengunjung ingkang ngraos tintrim lan ngraosaken kaendahan wisata buatan Embung Kledung. Menawi liburan Embung Kledung menika dipunbanjiri pengunjung ingkang kathah-kathahipun pemudha-pemudhi.
 Menawi pengunjung menika dhateng Embung Kledung liwat Kabupaten Wonosobo ing perjalanan sampun dipunsuguhi pemandhangan ingkang endah kadosta kebun teh sepanjang margi Desa Belukan, Kabupaten Wonosobo. Lajeng dipunsuguhi pemandhangan kebun kubis ing Desa Kledung piyambak. Pemandhangan-pemandhangan ing perjalanan nambahi sengsemipun manah. Manah dados tentrem lan ayem. Embung Kledung wisata buatan ananging saged narik kawigatosan kathah pengunjung. Taksih asli lan kedah dipunuri-uri. Monggo kapan-kapan dhateng mriki, Embung Kledung ingkang asri.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sumangga ingkang badhe paring panyaruwe :)