Marcio Souza lan Slamet Nur Cahyo Tumut ing Turnamen Kembaran Pemuda Cup
Wonosobo, Selasa (1/10/ 2013) wonten turnamen bal-balan ingkang dipunakaken wonten ing Dhusun Kembaran, kecamatan Kalikajar, kabupaten Wonosobo, Jawa Tengah. Turnamen menika ngrebataken piala pemuda cup kaliyan arto kinten-kinten 16 yuta kangge juwara 1, 2, lan 3. Turnamen pemuda cup dipunanakaken amargi gadhah ancas ngraketaken pasedherekan dhusun satunggal kaliyan sanesipun. Wonten 32 tim bal-balan ingkang tumut ing turnamen, antawisipun Lexotan (Laskar Ekstrim WonosoboWetan), Putra Satriya Simbang, Patriot Pringapus, tim saking dhusun Mulyasari, Campursari, Sumber dalem lan sanesipun. Tim-tim kala wau sami mundhut pemain saking njawi kadosta Enzekuile Gonsalves, Louis Eduardo, Pizzaro, Robertino Kwateh, Marcio Souza, lan Slamet Nurcahyo. Pemain-pemain saking njawi menika sami nyengkuyung, ndadosaken lampahing turnamen sansaya rame, kathah tiyang ingkang mriksani, lan turnamen menika saged kalaksanan kanthi boten wonten kerusuhan utawi damai.
Sejatosipun turnamen menika sampun kalaksanan saking tanggal 4 September 2013 kala wingi lan pungkasan utawi final benjing tanggal 6 Oktober 2013. Turnamen Kembaran Pemuda Cup menika dipunadani saben kalih taun sepisan, wonten ing Dhusun Kembaran. Dhusun Kembaran menika Dhusun alit ingkang asri, taksih kathah wit-witan ingkang ijo royo-royo. Lapangan ingkang kangge turnamen menika taksih langkung sae ketimbang lapangan wonten ing dhusun sakiwa-tengenipun. Turnamen Kembaran Pemuda Cup kalebet turnamen ingkang kathah pamiyarsanipun. Turnamen ingkang narik kawigatosan tiyang-tiyang awit saking tim lan pemain ingkang nyengkuyung.
Marcio Souza (33) ingkang miyos 14 Januari 1980 wonten ing Rio de Janeiro, Brazil menika tumut nyengkuyung lampahing turnamen. Dhewekipun mlebet utawi dipunbon kaliyan tim saking dhusun Mulyasari. Marcio Souza gadhah cathetan panjang wonten ing ranah bal-balan inggih menika sampun nate mlebet club Persela Lamongan, Semen Padang, Deltras Sidoarjo, Arema Indonesia wonten ing ISL, Persib Bandung lan samenika wonten ing club Perseman Manokwari. Babagan menika ingkang ndadosaken Turnamen Kembaran Pemuda Cup rame, amargi Marcio Souza ingkang sampun kawentar wonten ing jagading bal-balan, kawentar sae utawi apik, gesit, tumut nyengkuyung. Marcio Souza ingkang posisinipun dados penyerang menika dipununggulaken utawi dipungadang kaliyan tim utawi club saking dhusun Mulyasari kasebat.
Beda malih kaliyan tim utawi club Putra Satriya Simbang. Club Putra Satriya Simbang menika gadang-gadang Slamet Nurcahyo supados saged nyetak gol kemenangan.
Slamet Nurcahyo ingkang ugi sampun kawentar wonten ing tivi-tivi, utawi jagading bal-balan menika bersaing kaliyan pemain asing sanesipun. Slamet Nurcahyo (30) ingkang miyos wonten ing Jember, 11 Juli 1983 menika kalebet pemain ingkang lincah. Dhewekipun sampun asring tumut tim-tim bal-balan ing Indonesia kadosta, Persebaya Surabaya, PSS Sleman, Persiba Bantul, Persibo Bojonegoro, lan samenika mlebet wonten tim Persepam Madura United. Dhewekipun ugi nate tumut utawi mlebet ing Timnas U-23 lan Timnas Indonesia. Dhewekipun dipunbon kaliyan Putra Satriya supados bekta jeneng dhusun Simbang dados kawentar wonten ing tlatah Wonosobo. Dinten Rabu, 2 Oktober 2013 benjing, Putra Satriya Simbang badhe maju tandhing nglawan tim saking dhusun Sumber Dalem. Slamet Nurcahyo tegesipun kedah berjuwang supados saged mbobol gawang lawan. Dhewekipun kedah saged njunjung tim Putra Satriya Simbang, amargi dhewekipun menika ingkang dipungadhang-gadhang kaliyan tim saking dhusun Simbang menika. Menawi benjing Tim Putra Satriya Simbang menika saged menang nglawan tim saking dhusun Sumber Dalem, Tim Putra Satriya Simbang gadhah hak maju wonten ing 4 besar.
Referensi : www.wikipedia.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Sumangga ingkang badhe paring panyaruwe :)