Selasa, 15 Oktober 2013

Pemain asing lan Tim Nas nyengkuyung ing Turnamen Bal-balan (Straigh News)


Turnamen Kembaran Pemuda Cup dipunsengkuyung 
Pemain Asing lan Tim Nas

        Dhusun Kembaran, Wonosobo, Selasa (1/10/2013) Turnamen Kembaran Pemuda Cup kalampahan kanthi damai boten wonten kerusuhan. Turnamen dipunsengkuyung dening pemain-pemain asing kadosta Enzekuile Gonsalves, Louis Eduardo, Pizzaro, Robertino Kwateh, Marcio Souza, lan Slamet Nurcahyo. Turnamen Kembaran Pemuda Cup dipunanakaken kanthi ancas ngrumaketaken raos pasedherekan antwisipun dhusun satunggal kaliyan sanesipun. Turnamen menika ngrebataken piala pemuda cup lan arto kinten-kinten 8 ngantos 9 yuta. Wonten 32 tim ingkang nyengkuyung turnamen menika kadosta Lexotan (Laskar Ekstrim WonosoboWetan), Putra Satriya Simbang, Patriot Pringapus, tim saking dhusun Mulyasari, Campursari, Sumber Dalem lan sanesipun. Dinten menika jam 15:30 tim saking Dhusun Campursari kaliyan tim Putra Satriya Simbang badhe tandhing. Putra Satriya Simbang menika nggadhang-nggadhang Marcio Souza (33) pemain asal Brazil. Tim ingkang menang badhe majeng ing babak 4 besar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sumangga ingkang badhe paring panyaruwe :)