Rabu, 25 Desember 2013

Profil Wirausaha



Gethuk Lindri Dados Kunci


       Ibu Titi (47) ingkang manggen wonten ing Desa Sidodadi, kecamatan Kertek, Kabupaten Wonosobo menika salah satunggal wirausaha

gethuk lindri. Panjenenganipun sampun miwiti usahanipun wiwit 7 taun kapengker. Ibu Titi ingkang kula sowani wonten ing dalemipun, nalika tabuh 15.20, tanggal 15 Desember 2013 menika nyariyosaken pengalamanipun sajroning nglampahaken usaha gethuk lindri. Wiwiwtanipun Ibu Titi namung damel gethuk lindri kangge camilan kulawarganipun. Nalika wonten tangga teparo ingkang dolan, tangganipun menika lajeng nyicipi gethul lindri menika. Tangganipun paring panyaruwe supados gethuk lindri kasebut dipunsade, amargi rasanipun ingkang eco saha taksih sekedhik dipunpanggihaken wonten ing pasaran. Ibu Titi milai kepincut, ngangge modal awal 100ewu rupiyah, Ibu Titi milai bereksperimen. Sepisan Ibu Titi nitipaken gethuk lindri wonten ing warung-warung. Sasampunipun dipunetang-etang, asilipun dipunraos lumayan. Untungipun saged nyandhak 100% saking modal. Lajeng Ibu Titi menggalih bilih panjenenganipun saged nyade piyambak. Kinten-kinten kalih taun, Ibu Titi nyadi gethuk lindri menika piyambak kanthi cara keliling desa. Untungipun saged langkung inggil inggih menika 200% saking modal awal. Dumadakan wonten tangganipun Ibu Titi ingkang mbetahaken pakaryan. Lajeng tangganipun Ibu Titi nyuwun dipundamelaken gethuk lindri, Ibu Titi nyanggupi, dados Ibu Titi gadhah 1 karyawan. Taun kanthi taun karyawan Ibu Titi langkung kathah. Waunipun namung satunggal samenika sampun 25 karyawan. Penghasilanipun Ibu Titi sampun kathah, ngendikanipun lumayan sampun saged kangge maneka warni kabetahan. Saking singkong ingkang biasanipun namung dipunsepelekaken, ternyata samenika wonten ing astanipun Ibu Titi saged dados panganan ingkang eco saha boten mboseni.

geguritanku



Sajroning Rasa

Ing rasa iki rasane nggugahke ati
Tumrap manah ingsun klawan sira
Sing ngudang-ngudang asmara
Tresna welas lan asih
Dak golekna sambunging nala
                                    Lingsire wengi sing tanpa sasangka
                                    Petenge pedhut ngalangi ing jaladara
                                    Rasane sumrebed ing sajroning jiwa
                                    Pentering srengenge isuk
                                    Ndhudhah ati ing rasa pati
Tresnaku mung sawiji
Tan mrelokake manah liyan
Kang sumeneb ana ing sajroning nala

guritku



Sing Dak Anti-anti

Krelip lintang ing tawang
Endahing candra kang sumunar
Anggawa sliraku ing awang-awang
Sumreseping bayu neng mbun-mbunan
Tansah ngelingake sliramu
Wong kang wus mbundheli atiku
                              Doh kana, doh kene
Mung bisa sawang-sinawang
Saka tembung kang karonce
Sansaya agawe cidraning nala
Nambah kapang jroning dhadha
Dina baka dina dak lakoni
Kanthi nglangut ing sepi
Sliramu sing dak anti-anti
Tetep tuhu ing janji
Kang kaocap saka lathi
Bakal kapethuk
Nggayuh sumpena kang wus ana

Pengalaman



Ora Nyana

       Nalika aku arep daftar pawiyatan luhur, aku pontang-panting dhewe golek persyaratan. Saka golek surat katrangan saka pak lurah, nganti tekan daftar online lan sapanunggalane. Wektu aku nyuwun surat katrangan saka pak lurah, aku nyepedha onthel menyang daleme pak lurah. Sore-sore nyepedha onthel kudune ngrasa seger, nanging amarga sepedha onthele kedhuwuren, aku malah ngrasa ora penak. Tekan tengah dalan aku mandheg, bingung daleme pak lurah sing endi, mula aku takon marang wong sing ana ing pinggir dalan. Sawise kuwi aku kepanggih pak lurah, surat katrangan digawe lan langsung dadi. Aku pamit lan langsung mulih. Ana ing tengah dalan, dumadakan banyu saka langit netes. Aku cepet-cepet anggone nyepedha. Ndilalahe dalane nanjak, yo wis pancen nasib batinku. Akhire aku nuntun sepedha onthel kuwi karo grimisan. Tekan omah, klambiku teles kebes, nanging untung wae surat katrangan isih bisa diwaca.
Sabanjure kuwi aku ndaftar pawiyatan luhur lewat internet alias online. Wektu kuwi isih rame-ramene padha daftaran online. Padha rebutan warnet, ndilalahe warnete lemot banget. Aku lan kancaku nganti pindhah ing pirang-pirang warnet. Malah dumadakan ana kabar yen pendhaftarane wis tutup. Aku lan kancaku wedi banget, mosok yo perjuangane wingi sia-sia. Aku lan kancaku tetep njajal ndaftar, adile Gusti Allah, aku lan kancaku kuwi isih bisa daftar. Rasa lega durung plong, isih ana pengumuman. Wektu pengumuman, aku wis pasrah, ketampa ya alhamdulilah, ora ya wis aku nyambut gawe. Ndilalahe Gusti Allah kuwi mangerteni endi sing berjuang tenanan endi sing ora. Ora nyana alhamdulilah aku ketampa ana ing pawiyatan luhur, lega rasane, cumeplong atine.

Selasa, 24 Desember 2013

GEGURITAN



Pangajap Suci

Tresna sing ning dhadha dak jaga ing saben dina
Tresna ning ati dak uri-uri saben wengi
Tresna kang rembuyung nambahi ati kang wuyung
Nganti tresnaku tansah cinanggung
Lintang lan rembulan dadi saksi janji suci
Endahe kahanan iso gawe sengseme ati
Angin kang sumilir amiyak swasana sepi
Aku lan sliramu keiket janji
Aku titah sudra tanpa bandha
Tanpa rupa, uripku kesrakap tanpa drajat tanpa pangkat
Amung tresna tulus pisungsung kanggo sliramu
Tampananen uripku uga jiwa lan ragaku
Dak suwun maring Gusti saben awan lan wengi
Aku lan sliramu tansah nyawiji