Embung
Kledung Wisata Alam Buatan ingkang Narik Kawigatosan

Foto ing sisih
tengen menika pemandhangan Gunung Sumbing ingkang katingal jelas saking Embung.
Margi ingkang katingal wonten ing foto inggih menika margi kangge akses keluar-masuk pengunjung. Marginipun
taksih rolakan, dereng alus aspalan. Dene ingkang katingal warni coklat menika
memean mbako (jemuran tembakau).
Sanesipun ingkang ijo royo-royo, menika taneman pendhudhuk. Pemandhangan
ingkang asri lan saged ndadosaken tintriming manah. Menawi foto ingkang wonten
ing nginggil piyambak menika foto pemandhangan embung ingkang ngadhep Gunung
Sindoro. Toya ingkang katingal kipyah-kipyah menika embungipun. Gunung Sindoro
kaliyan tetuwuhanipun katingal endah. Foto-foto kala wau nggambaraken
pemandhangan ing Embung Kledung ingkang sejatosipun. Awit foto-foto kala wau
dipunpundhut langsung kaliyan panyerat menapa wontenipun.
Hawa ingkang asrep
nambahi swasana ing Embung Kledung menika sansaya tintrim. Angin ingkang
sumilir, ngobahaken pucuk-pucuk pinus kepireng ayem. Menawi swasana ing Embung
menika asrep sanget lan grimis, Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing radi boten
katingal amargi kenging pedhut. Sinaosa kados menika pemandhanganipun taksik
katingal endah. Swasana-swasana menika ingkang ndadosaken Embung rame
dipunkujungi wisatawan. Boten namung wisatawan saking Kabupaten Wonosobo lan
Kabupaten Temanggung kemawon ananging wisatawan saking Kabupaten sanesipun ugi
wonten. Diah (20) pengunjung saking Kabupaten Banyumas “kalo
menurut aku embungnya dan buat lingkungan sekitarnya udah bagus, Cuma kurang
kesadaran diri dari pengunjung yang masih mencorat-coret sama buang sampah
sembarangan”. Tuturan saking Mbak Diah menika wonten ingkang kedah dipungaris bawahi inggih menika tembung mencorat-coret lan buang sampah sembarangan. Panci kenyataanipun taksih wonten
ingkang remen nyorat-nyoret lan mbucal sampah sembarangan, menika dados introspeksi kangge dhiri kita, menawi
lingkungan menika kedahipun dipunjagi lan boten dipunrisak.
Wonten malih salah satunggaling
pengunjung inggih menika Cholis (23) pengunjung saking Kabupaten Wonosobo “kula
kerep mbak, teng mriki, soale pemandangane apik, nek ngge menenangkan diri
cocok, damai, suasanane nggih nengsemaken ati”. Menika penuturan saking
pengunjung ingkang ngraos tintrim lan ngraosaken kaendahan wisata buatan Embung
Kledung. Menawi liburan Embung Kledung menika dipunbanjiri pengunjung ingkang
kathah-kathahipun pemudha-pemudhi.

